Minggu, 06 Januari 2013

sabarna sauntara


Mas, bab iki kudu dipenggalih kanthi wening.
Sampeyan kudu ngerti menawa iku ngunu jare kanugrahan
Bener kandhamu kuwi, sesasi, rong sasi , telung sasi , mbok menawa ora ana apa- apa
Nanging yen wis nyandhak waktu – waktu sateruse apa ora bakal ana godha sing teka?

Urip ijen, dhewekan ana ing paran mengkono mesthine kesepen.
Kowe ora usah kawatir, marang kahanan kaya mengkene iki
Panyawangku tak buwang adoh.

Rasa tresnaku marang sliramu ora bakal muspra, senajan wasemana amung kebak pangarep – arep yen kepengen weruh, eluhe kapeksa kutah nalika nguntabke budhale sliramu

Kejaba kuwi luwih becik ngempet kangene, aja nganti konangan jebule luwih becik disabarna sauntara.


... yen teka mangsane mesthi rak yo bagya
 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar